Selasa, 30 November 2010

Kagem para siswa SMP sak- Kabupaten Purbalingga, sugeng ngayahi Ulangan Umum Semester (UUS) Ganjil 2010/2011, 6 - 13 Desember 2010.
Ayo...sinau sing sregep, mugi2 sukses.

Selasa, 24 Februari 2009

Sangu Kagem Para Pemimpin

Ing wekdal punika nembe rame-ramenipun para priyantun sami nyalonaken dados anggota DPR, lan sakedhap malih (9 Juli 2009) pilihan presiden. Para sesepuh Jawi anggadhahi petuah (petuah, Ind) unen-unen sarta ular-ular kangge sanguning para pangarsaning negari. Ular-ular punika awujud wangsalan lan sinawung ing sekar Dhandhanggendhis (Dhandhanggula). Kados makaten sekaripun :


Carang wreksa ingkang jamang tambir,
nora gampang wong mengku nagara,
baligo amba godhonge,
kudu santoseng kalbu,
tengareng prang andheging riris,
den teteg tranging cipta,
sendhang nir ing ranu,
sasat ana ing palagan,
kasang toya menyan seta munggwing ardi,
yen apes kawirangan.

Menggah isinipun sekar punika makaten : ora gampang wong mengku nagara, dados pemimpin, utawi dados pangarsaning nagari. Sepisan kedah santosa manahipun, boten kenging miyar-miyur, sanajanta dipun saruwe (kritik) saking ngrika-ngriki kedah tetep teguh. Boten ateges boten purun mirengaken panyaruwe. Kedah mawi paugeran bilih tiyang nyaruwe (mengkritik) dereng mesthi yen leres. Ingkang sae dipun angge ingkang boten sae inggih kedah dipun bucal. Pikiran kedah jejeg sarta ingkang terang (jernih), nindakaken paugeran (undang-undang) boten kenging emban cindhe emban siladan (pilih kasih). Sinten kemawon ingkang nindakaken piawon kedah dipun pidana, sanajanta dhumateng sedherekipun utawi kadangipun piyambak. Lan sinten ingkang nindakaken kasaenan dipun paringi ganjaran.
Pangarasaning nagari (pemimpin) ibarataipun wonten tenggah-tengahing paprangan (palagan) , upami ngantos apes badhe nandhang wirang.

Tegese tembung :
carang wreksa = pang. wreksa = kayu.
jamang tambir = wengku. tambir = pinggir.
baligo amba godhonge = woh labu.
santoseng = santosa + ing.
tengareng prang = tengara perang, aba-aba perang = keteg.
riris = udan.

Serat Tripama

Anggitan : KGPAA Mangkunagara IV

Dhandhanggula.

1.
Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa samya anuladha,
kadya nguni caritane,
andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
aran Patih Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purune kang den antepi,
nuhoni trah utama.

(Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna, andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati, sing asmane Patih Suwanda. Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung (diringkes, dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama.

2.
Lire lalabuhan tri prakawis,
guna bisa saneskareng karya,
binudi dadi unggule,
kaya sayektinipun,
duk bantu prang Manggada nagri,
amboyong putri domas,
katur ratunipun,
purune sampun tetela,
aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana.

(Tegese lelabuhan telung prakara yaiku : 1. guna, bisa mrantasi gawe supaya dadi unggul, 2. kaya : nalika paprangan negara Manggada, bisa mboyong putri dhomas, diaturake marang ratu, 3. purun : kekendale wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka, ratu negara Ngalengka, patih Suwanda gugur ing madyaning paprangan.)

3.
Wonten malih tuladhan prayogi,
satriya gung nagari Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku warna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.

(Ana maneh conto sing prayoga (becik) yaiku satriya agung ing negara Ngalengka sing asmane Kumbakarna. Sanadyan wujude buta, parandene kepengin nggayuh kautaman. Nalika wiwit perang Ngalengka dheweke nduwe atur marang ingkang raka supaya Ngalengka tetep slamet (raharja). Dasamuka ora nggugu guneme Kumbakarna, jalaran mung mungsuh bala kethek.)

4.
Kumbakarna kinen mangsah jurit,
mring kang raka sira tan lenggana,
nglungguhi kasatriyane,
ing tekad datan purun,
amung cipta labuh nagari,
lan nolih yayah rena,
myang leluhuripun,
wus mukti aneng Ngalengka,
mangke arsa rinusak ing bala kapi,
punagi mati ngrana.

(Kumbakarna didhawuhi maju perang, ora mbantah jalaran nglungguhi (netepi) watak satriyane. Tekade ora gelem, mung mikir labuh negara, lan ngelingi bapak ibune sarta leluhure, sing wis mukti ana ing Ngalengka, saiki arep dirusak bala kethek. Luwih becik gugur ing paprangan.)

5.
Yogya malih kinarya palupi,
Suryaputra Narpati Ngawangga,
lan Pandhawa tur kadange,
len yayah tunggil ibu,
suwita mring Sri Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul-agul,
manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
ngalaga ing Korawa.

(Ana maneh sing kena digawe patuladhan yaiku R. Suryaputra ratu ing negara Ngawangga. Karo Pandhawa isih sadulur seje bapa tunggal ibu. R. Suryaputra suwita marang Prabu Kurupati ing negara Ngastina. Didadekake manggalaning (panglima ) prajurit Ngastina nalika ing perang Bratayuda.)

6.
Minungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males-sih,
ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama.

(Dimungsuhake karo sedulure dhewe, yaiku R. Arjuna (Dananjaya). Prabu Karna seneng banget atine jalaran oelh dalan kanggo males kabecikane Prabu Duryudana. Mulane banget anggone ngetog kasudiran (kekendelan). Wusanane Karna gugur kena panah. Kondhang minangka prajurit kang utama).

7.
Katri mangka sudarsaneng Jawi,
pantes lamun sagung pra prawira,
amirita sakadare,
ing lalabuhanipun,
aja kongsi mbuwang palupi,
manawa tibeng nistha,
ina esthinipun,
sanadyan tekading buta,
tan prabeda budi panduming dumadi,
marsudi ing kotaman.

(Conto telu-telune mau minangka patuladhan tanah Jawa. Becik (pantes) yen sakabehe para perwira nuladha sakadare (sakuwasane). Aja nganti mbuwang conto, jalaran yen tibaning apes dadi ina. Sanadyan tekade buta, ora beda kalawan titah liya, nggolek kautaman.)

Tegese tembung :
yogyanira = becike, sebaiknya.
prajurit = bala, tantra, saradhadhu, bala koswa, tentara.
kadya = lir, pindha, kaya, seperti.
nguni = jaman biyen, dahulu kala.
andelira = andel-andele , andalan.
lelabuhanipun = jasane, jasa.
ginelung = diringkes, dipadukan.
guna = kapinteran, kepandaian.
kaya = bandha donya, kekayaan.
purun = wani, gelem, keberanian.
nuhoni = netepi, menepati.
trah = turun, tedhak, keturunan
utama = becik, apik, terbaik.
lir = kaya, teges, makna, arti.
saneskareng = saneskara + ing = samubarang, sakabehe, sembarang.
karya = gawe, kardi, pekerjaan.
binudi = budi + in = diupayakake, diusahakan.
sayekti = sayektos, temene, sesungguhnya.
duk = nalika, ketika.
dhomas = 800. samas = 400.
tetela = cetha, terang, jelas.
aprang tandhing = perang ijen lawan ijen, perang satu lawan satu.
ditya = buta, raseksa, diyu, wil, danawa, raksasa.
ngrana = ing paprangan, palagan, pabaratan, medan perang.
suprandene = parandene, sanajan mangkono, walaupun demikian.
darbe = duwe, mempunyai.
raka = kakang, kakak.
raharja = slamet, wilujeng, rahayu, rahajeng, selamat, sejahtera.
de mung = dene mung , jalaran mung, hanya karena.
wanara = kethek, kapi, rewanda, kera.
kinen = ken + in = dikongkon, diutus, diperintah.
mangsah jurit = maju perang, menuju ke medan laga.
sira = dheweke, piyambakipun, panjenenganipun, dia.
lenggana = nolak, mbantah, menolak.
datan = tan, ora, tidak.
labuh = berjuang.
yayah rena = bapak ibu, ayah dan ibu.
myang = lan, dan
arsa = arep, ayun, apti, akan.
punagi = sumpah.
palupi = conto, sudarsana, tuladha, contoh.
narpati = ratu, raja, katong, narapati, naradipati, narendra, raja.
kadang = sedulur, saudara.
suwita = ngabdi, menghamba.
kinarya = karya + in = digawe, dipakai.
agul-agul = andel-andel, andalan.
manggala = panglima
senapati = pangedhene prajurit, pemimpin perang, panglima perang.
manahe = atine, hatinya.
pikantuk = oleh, mendapat.
marmanta = marma + anta = sebabe, sebabnya.
kasudiran = kekendelan, kasekten, kesaktian.
jinemparing = jemparing + in = dipanah.
sumbaga = kondhang, kaloka, kajanapriya, terkenal.
wirotama = wira + utama = prajurit pinunjul, prajurit yang hebat.
katri = katelu, ketiga.
sudarsaneng = sudarsana + ing = conto.
amirita = nirua, ikutilah.
kongsi = nganti, sampai.
dumadi = titah, makhluk.
marsudi = ngupaya, nggoleki, berusaha.
kotaman = ka+ utama+ an = keutamaan.


Ndherek nepangaken, menika Bapak Eko Budi Santosa, S.Pd, priyayi saking Magelang, ingkang samenika dados bina damping MGMP Bahasa Jawa SMP Kabupaten Purbalingga. Panjenenganipun ngasta dados Kepala Sekolah wonten SMPN 3 Bobotsari. Inggih wonten SMPN 3 Bobotsari menika, sekretariat MGMP Bahasa Jawa SMP Kabupaten Purbalingga. "Monggo kita sesarengan nguri-uri basa jawa, mliginipun wontenSMP, supados Basa Jawa tetep lestantun," mekaten wejanganiopun Pak Eko nalika nampi silaturahmi pengurus MGMP Basa Jawa. Pengurus MGMP Basa Jawa ingkang sowan Pak Eko wonten SMPN 3 Bobotsari, Pak Tarman, Pak Prasetyo, Pak Wahyuadi, Pak Hanan Muhtarom saha Bu Lis Rustrinarsih.

Minggu, 26 Oktober 2008

Manggen wonten Kota Purwokerto, Senin-Kemis (21-23/10/2008) dipunwontenaken Konferesi Internasional Kebudayaan Jawa (KIKJ). Kegiatan kasebut dipunpeloni kirang langkung 300 pasarta saking pundi papan. Malah wonten pamicara saking negara manca, kados Mesir, Suriname, Jepang, saha Vietnam.

Saking MGMP Bahasa Jawa SMP Kabupaten Purbalingga, kautus ndherek kegiatan kasebut, Sutarman S.Pd (Ketua, SMPN 1 Kutasari) saha Drs. Prasetyo (Sekretaris 1, SMPN 1 Bukateja).

Mbok bilih para dwija saha masyarakat badhe mbetahaken saperangan makalah KIJK saha hasil Deklarasi KIKJ, saged dipun download wonten sisih tengen blog menika. Nuwun

Selasa, 26 Agustus 2008

youtube

George Bush pidato nganggo Basa Jawa


Rock'n Roll Banyumasan


Pernikahan Adat Banyumasan


Donga


Sopsan Penjorangan


Dalang Jemblung Bima Ngaji


Ebeg Banyumasan


Ricik-ricik Banyumasan

Senin, 25 Agustus 2008

slide

Swasana lomba mapel Basa Jawa ingkang dipunadani dening MGMP Basa Jawa SMP Kabupaten Purbalingga tahun 2008.

Senin, 11 Agustus 2008



Kabid Dikdas Dinas P dan K Purbalingga, Drs Ashari M.Pd nalika atur sambutan.


Pak Tarman, Bu Margiyati & Pak Carman. Pak Tarman gumujeng bab nopo niku? Balik maning maring lap...top, kaya kuwe........he he he. Niru Thukul nggih pak?!!!


GAYENG--Para siswa sami puyeng mangsuli pitakenan-pitakenan wonten nglebet ruangan, para dwija sami gayeng anggenipun wicantenan kaliyan sesaminipun.

Urut-urutane Tembang Jawa
1. Maskumambang :
Nggambarake jabang bayi sing isih ono kandhutan ibune, sing durung kawruhan lanang /mas utawa wadon. Dene kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.

2. Mijil :
Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.

3. Kinanthi
Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.

4. Sinom
Tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.

5. Asmaradana
Tegese rasa tresna, tresna marang liyan ( priya lan wanita lan kosok baline ) kang kabeh mau wis dadi kodrat Ilahi.

6. Gambuh
Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yen wis jumbuh / sarujuk njur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.

7. Dandanggula
Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh biso kasembadan. Kelakon duwe sisihan / keluarga, duwe anak, urip cukup kanggo sak kaluarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.

8. Durma
Saka tembung darma / weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma / weweh marang sapadha - padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.

9. Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha - padha.

10.Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.

11.Pocung / Pucung
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur.

Intine saka andharan mau :
Ngajab supaya kita kabeh pada sing eling. Eling yen saka sak durunge ora ana, bali dadi ora ana. Yen urip nyukupi butuhe karep, ora ana enteke. Yen ana sing dodol pulo, ya kepengin tuku pulo, yen ana sing dodol laut utawa angkasa, ya arepe dituku.

Pasarta lomba mapel Bahasa Jawa SMP/MTs Kabupaten Purbalingga tahun 2008

Dinten Kemis, 31 Juli 2008 manggen wonten SMPN 2 Kemangkon, dipunleksanaken refreshing pengurus MGMP Bahasa Jawa SMP Kabupaten Purbalingga. Saking 68 dwija Basa Jawi SMP negeri & swasta sak Kabupaten Purbalingga ingkang rawuh, taksih nggondheli Pak Sutaarman minangka ketua malih.

Pemilihan pengurus kasebut dipunleksanakaken kanthi dhemokratis. Dhumateng pengurus lami ingkang sampun purna lan mboten kapilih malih, kula ngaturaken gunging panuwun awit saking kiprahipun sampun kersa majengaken MGMP Bahasa Jawa SMP Purbalingga.

Menika pengurus MGMP ingkang enggal.

Pengurus MGMP Bahasa Jawa SMP Kabupaten Purbalinga
2008-2011

Ketua : Sutarman S.Pd (SMPN 1 Kutasari)
Ketua 1 : Carman, S.Pd (SMPN 1 Karangmoncol)
Ketua 2 : Wahyu Adi S.Pd (SMPN 2 Purbalingga)

Sekretaris 1: Drs. Prasetiyo (SMPN 1 Bukateja)
Sekretaris 2: Hanan Muhtarom, S.Pd (SMPN 1 Padamara)

Bendahara 1: Sri Dadiyem, S.Pd (SMPN 1 Bojongsari)
Bendahara 2: Lis Rutrisnarsih, S.Pd (SMPN 3 Purbalingga)

Kabiyantu koordinator wilayah ingkang cacahipun pitu.

MGMP Bahasa Jawa SMP Kabupaten Purbalingga, dinten Kemis,7 Agustus 2008 ngawontenaken lomba mata pelajaran Basa Jawi. Wonten 42 pasarta minangka utusan saking SMP/MTs negeri & swasta sa Kabupaten Purbalingga ingkang ndherek lomba ingkang dipungelar wonten SMA Karya Bhakti.

Lomba kasebut dipun bikak dening Kabid Dikdas Dinas Pendidikan & Kebudayaan Kabupaten Purbalingga, Drs Ashari, M.Pd.

Materi ingkang dipun lombakakaken: paramasastra, kawruh basa, pewayangan, nembang, micara/sesorah, maos, saha nyerat jawi.

Foto ing nginggil menika nudhuhaken, Kasi SMP Dinas P dan K Purbalingga Drs Adi Wahyono kaliyan Ketua MGMP Bahasa Jawa SMP Kabupaten Purbalingga, Sutarman, S.Pd (dwija SMPN 1 Kutasari), ngapit juara 1 (SMPN 3 Purbalingga, juara 2 (SMPN 1 Bobotsaro) & juara 3 (SMPN 1 Mrebet). (foto:Prasetyo)
Sugeng rawuh wonten blog Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) Bahasa Jawa SMP Kabupaten Purbalingga, Jawa-Tengah menika. Mugi-mugi blog menika saged kangge sarana nuwuhaken kawegigan para dwija basa jawi, mliginipun ingkang manggen wonten tlatah Purbalingga.

Nuwun